Tobat
(Herlinda Rosyida)
Ana ing salah sawijining dina, Bana putranipun Pak
Santosa badhe sekolah. Pak Santosa mula menehi nasehat nasehat bab aturan
menowo arep lelungan. Nangin Bana kuwi pancen bocah kang mboten manut marang
wong tuwa. Manut nasehat wae ora, napa maneh basa kang alus marang Bapak utawa
Ibune. Bana sekolah ana ing salah satunggalipun SMA wonten ing Ngayogyakarta.
Mula dheweke mangkat sekolah nganggo pit motor.
Pak Santosa ngendhika, “Le, umpama arep sekolah, mbok pit
montore dicek sipek!” Bana matur, “Halah Pak.. Kurang gawean ngecek motor
barang. Malah telat mengko! Ayage yen mesine owah yo ra didandani. Bapak gelem
dandani po piye? CEREWET!”
Pak Santosa ngampet rasa kuciwa marang anake lan ngendhika, “Ealah.. Bocah kok kandhanane ngeyel, iku kan yo nggo keslametane dewe.” Bar kuwi Bana langsung nguripake motor lan bablas budal sekolah.
Pak Santosa ngampet rasa kuciwa marang anake lan ngendhika, “Ealah.. Bocah kok kandhanane ngeyel, iku kan yo nggo keslametane dewe.” Bar kuwi Bana langsung nguripake motor lan bablas budal sekolah.
Bana wonten ing dalan mboten manut rambu rambu
lalulintas. Ing sawijining bangjo, lampunipun warna abang, nanging Bana malah
bablas mlaku. Amarga kuwi kathah wong wong padha ngelokke Bana. Untung Bana
tasih slamet, mboten wonten kacilakaan kang kagawe. Iku sebabe Bana mboten
tenang, kesusu susu, wedi ndak telat nangin mboten wedi nek lara. Bana malah nambah
kecepatan anggone numpak motor, “Haduh.. Iki jam pira iki.. Ah, ngebut wae ben
ora telat!”, atur Bana kesusu. Ing dalan Bana uga mboten nggatekake marga
dalan. Marga dalaniun mboten pedot pedot, ananging nyambung. Bana malah nyalib
kendharaan ing ngarepe, mulo kathah uwong mbengoki Bana, “Dek, nyawamu loro po
piye?” nanging Bana meneng wae. Uga kathah mobil nglaksoni Bana. Pas diklakson,
Bana malah nesu nesu mboten jelas, “Tan tin tan tin wae! Dalane mbah mu po?”. Mboten let suwe Bana tekan sekolah.
Sak uwise sekolah, Bana cepet cepet wangsul amargi empun
ngelih. Bana numpak motor banteeer banget, kaya srengenge kang mlaku ne banter.
Ing dalan, Bana kesasar amarga njajal dalan kang urung dingerteni marang Bana.
Bana njur mandeg lan matur, “Iki aku wes arep tekan urung sih. Haduh, mengko
nek aku kesasar njur ilang kepriye ya..”. Bana langsung ndeleng rambu rambu ing
dhuwur sirahe banjur matur, “Godean ngiwa, Yogyakarta nengen, berarti aku saiki
kudu ngiwa.. Eh sek, mengko nek kuwi ming ngapusi kepiye ya.. Ah, tak jajale
ndisek”. Bana banjur menggok ngiwa manut rambu pituduh mau. Mula yen awakdewe
mboten purun kesasar, awakdewe kudu anggatekake rambu pituduh kanthi warna
dasar ijo lan lis putih. Rambu iku saged menehi arah kang bener. Bana sampun
setengah tekan, Bana kesusu lan pengen cepet mangan, amarga iku Bana tambah
ngebut anggone numpak motor. Wonten ing dalan, onten rambu rambu kanthi warna
dasar kuning lis ireng kang bergambar ngronjalan. Rambu menika artine dalan
menika kathah ngronjalane. Nanging Bana mboten nggatekake rambu mau. Bana
banjur kaget yen dalane nggronjal nggronjal.
Ing dalan, Bana nglewati bunderan, nanging Bana mboten
ngerti le mlaku kudu kepriye. Bana langsung nrobos lan langsung mlaku lurus.
Ing ngarepe Bana wonten truk kang nggawa sapi tiga. Bana kaget yen onten Truk
iku. Bana langsung njerit, “Aaaaaaaa”. Ora let suwe wonten suara bruuk sero lan
sapi sapi kan podho nyuara. Bana langsung tibo lan semaput amarga ditabrak truk
iku mau. Getihe kemocor mocor, motore kang larang rusak dadi kaya krupuk kang
diremek remek. Polisi lan warga warga banjur marani Bana lan sopir truk ke mau
dijak ing kantor polisi. Polisi banjur nelpon ambulan.
Ora let suwe ambulane tekan. Bana langsung digawa ing
rumah sakit. Tujune onten sedulure Bana kang dadi sopir ambulan mau, dadi
sedulure bisa ngabari bapak utawa ibune Bana. “Pak, niki Bana kacilakaan ing
bunderan.”, ngendhika sedulure Bana. Pak Santosa ngendhika, “Astaghfirullah..
Ya, aku tak mrono..”. Pak Santosa naming saged ndonga mugi mugi Bana mboten
parah kacilakaane.
Bana langsung digawa ing UGD. Bapak lan Ibuke sampun teng
mriku. Banjur Pak Dokter metu saking ruang UGD lan ditakoni marang Bu Santosa,
“Pak, pripun kahanane Bana?”, Pak Dokter ngedhika, “Nggih mboten parah banget
Bu, namung sikile sing sakit bu, Sakniki Bana sampun siuman lan saged
dituweni.”. Bapak lan Ibu Santosa banjur mlebet ruang UGD lan niliki Bana kang
dipasangi infus. Bana langsung ngomong, “Pak, Bu, aku nyuwun ngapura yen aku
kerep ngeyel.”, Pak Santosa ngendhika, “Iyo nduk, rapopo, sik penting saiki
kowe selamet. Sesok meneh ojo dibaleni yo nduk..”, Bana mung iso manggut
manggut arep nangis.
Cerita menika gadhah
arti yen :
1.
Awakdewe kudu
manut marang uwong tuwo
2.
Awakdewe kudu
nggatekake rambu rambu lalu lintas
3.
Awakdewe kudu nggatekake
marga dalan
ATI ATI YEN NUMPAK MOTOR
URIP MUNG SEPISAN!